Selasa, 15 Maret 2016
Senin, 14 Maret 2016
PEMERINTAH KABUPATEN BOYOLALI
DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA
ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL
SMP KABUPATEN BOYOLALI
TAHUN 2012 / 2013
Mata pelajaran : Bahasa Jawa Hari, tanggal :
Kelas : VIII Waktu :
Petunjuk
Umum:
1. Tulislah lebih dahulu nama,
kelas dan nomer tes anda pada lembar jawab yang tersedia
2. Periksa dan bacalah
soal-soal sebelum menjawab.
3. Laporkan kepada pengawas
kalau terdapat tulisan soal yang kurang jelas.
4. Dahulukan menjawab
soal-soal yang Anda anggap mudah.
5. Kerjakan pada lembar
jawab yang tersedia.
6. Tidak diperkenankan
membawa alat bantu dalam bentuk apapun, kalkulator, HP, tabel matematika!
7.
Periksa pekerjaan Anda lebih dahulu sebelum Anda
serahkan kepada pengawas!
PETUNJUK
KHUSUS :
I.
Wenehana
tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan sing bener!
wacan iki kanggo nggarap Soal nomer 1-4
Asal-usule Kutha
Salatiga lan Boyolali
Handika para wali misuwur, yaiku Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel,
Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Drajad, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan GunungJati lan Sunan
Kalijaga, padha ribet penggalihe nyumurupi polahe Syeh Siti Jenar sing wis
kumawani nylewengake piwulang agama. Apa kang dilakoni dening Syeh Siti Jenar
kuwi bisa mbingungake masyarakat. Mula Syeh siti Jenar banjur dirangket lan
dipidana. Paraga kang kang bakal ngganti kalungguhane Syeh Siti Jenar manut
pamawase Sunan Kalijaga yaiku Adipati ing Semarang kang isih kalebu tedhak
turune pangeran Harya Adipati Sabranglor.
Kanggo nyaketi Adipati Semarang kasebut kangjeng Sunan Kalijaga
memba-memba dadi tukang adol suket. Kanthi mangkono saben esuk bisa ketemu karo
sang adipati. Ananging dhuwit bayaran suket mau ora tau ditampa lan malah
dibalekake kanthi didlesepake ing bongkokan suket mau.
….
1.
Kanggo nyaketi Adipati Semarang,
Sunan Kalijaga memba-memba dadi apa?
a.
Sunan Gunungjati
b.
Sunan Pandanaran
c. Tukang adol suket
d. Tukang makani jaran
2.
Kang njalari Syeh Siti Jenar
dirangket lan dipidana dening Wali Sanga yaiku ....
a. Ngraman ing wewngkon
Demak Bintara
b. Gawe Pasekuthon karo
Walanda
c. Nylewengake piwulang
Agama Islam
d. Ora tau gelem atur upeti
marang Demak Bintara.
3. Tembung memba-memba ing wacan
ndhuwur mau tegese padha karo apa?
a.
Nylamur-nylamur
b.
Malik
c.
Mulih
d.
Nyilih- nyilih
4. Manut wacan ing ndhuwur
mau kepriye mungguh watake Sunan Kalijaga kuwi?
a.
Sabar, Wicaksana, sugih akal
b.
Dahwen, drengki, srei
c.
Kumalungkung, adigang, adigun,
adiguna
d.
Seneng guyon, kikir
5. ukara kang ngandhut
unen-unen paribasan dumunung ing ....
a.
Durmagati kuwi kondhang yen lunyu
ilate, mula diseriki kanca-kancane.
b.
Ayo kanca, abot – enthenging pacoban iki dilakoni bareng-bareng.
c.
Surtikanti kae pancen criwis cawis, akeh omonge nanging gaweane ya
rampung temenan.
d.
Aja nganti kowe duwe lelakon kaya nututi layangan pedhot!
6.
Ing ngisor iki sing dudu tuladhane
Bebasan yaiku ....
a.
Mbesuk yen sliramu dadi pemimpin ki aja
adigang-adigung-adiguna!
b.
Ora ganja ora unus, wis ora ana sing bisa diarep-arep maneh saka pokal mu
kuwi dur!
c.
Sing ngati-ati tumindakmu aja nganti ngubak-ubak banyu bening ing papan
kene.
d.
Piyayi kang becik iku adate nemu unen-unen adol lengo kari busik.
7. Sing kalebu tuladhane Saloka yaiku ....
a. Kemladheyan ngajak
sempal
b. Kemladheyan rungkat
c. Kerot tanpo untu
d. Ana catur mungkur
8. Wah, tumindakmu kuwi
padha karo unen-unen kemladheyan nyajak sempal.
Apa tegese unen-unen iku mau?
a.
Gawe geger ing papan kang ayem tentrem
b. Dadi sedulur kang ngajak
marang karusakan
c. Kemladheyan kang thukul ing wit kang dudu
duweke
d. Sakabehing tumindak
mesthi ana piwalese.
Wacan iki kanggo nggarap nomer 9 - 13
“Prabu Dewata Cengkar”
Kraton Medhang Kamulan diparentah dening raja
raseksa kang ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Kang nduweni pakareman mangsa daginging manungsa, utamane
kang isih prawan kencur. Mula awatak “adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa
ingsun, ya bandhaku ya bandha-bandhaku dhewe, kalamun bandhamu ya karo
bandhaku”. Mangkono watak padinan kang kasandhang.
...Kacarita ing dhusun Dhadhapan, kang uga isih kalebu wewengkon kraton
Medhang Kamulan ana Warandha duwe anak wadon siji arane Rara Wulan. Jalaran
saka endahing warna lan rigen ing sabarang kardi, watake sregep, rigen, mugen,
nadyan bocah ndesa nanging gandhes luwes sasolahe, mula ing dhadhapan dadi
kembanging desa....
9.
Prabu Dhewata Cengkar iku Ratu ing ngendi?
a. Dhadhapan
b. Medhang Kamulan
c. Pasundhan
d. Jawa Dwipa
10. “...dhusun Dhadhapan,
kang uga isih kalebu wewengkon kraton Medhang Kamulan ana Warandha duwe anak
wadon siji arane Rara Wulan.”
Tembung Wewengkon ngemu teges padha karo apa?
a. weweko
b. tlatah
c. panggon
d. pangkon
11. “Prabu Dewata Cengkar
Kang nduweni pakareman mangsa daginging
manungsa, utamane kang isih prawan kencur”.
Tembung Pakareman tegese padha karo apa?
a. Kekarepan
b. Kesaenan
c. Kesenengan
d. Pekarangan
12. Sing ora kalebu watake Prabu Dewata Cengkar yaiku?
a. Brangasan
b. Kumalungkung
c. Sabar drana
d. Wengis.
13. Manut wacan ing ndhuwur
watake Rara Wulan yaiku...
a. Kumalungkung
b. Seneng ngetok-ngetokake
kabisan marang liyan
c. Kuma wani marang wong
lanang
d. Sregep nyambut gawe,
tanggung jawab trampil samubarang
14. Sing dudu tuladhne ukara
sambawa yaiku....?
a. “Mangkata esuk mau
mesthi ora telat tekamu!”
b. “Mangkata saiki dul, wis
jam pitu!”
c. “Udana ya mesthi
tanduranku ora bakal mati garing!”
d. “Didandanana ngani entek
dhuwit pirang-pirang yuta mesthi rabakal dadi wong wujude wis sumyur ngono
kok!”
15. “Ayua kae nek tumindake
ora bener ya mesthi wae ora disenengi kancamu”.
Pananmbang “a” ing
tembung Ayua ngemu teges apa?
a.
Marga
b.
Manawa
c.
Sanajan
d.
Sasuwene
16. Panambang “a” kang ngemu
teges “umpama” mapan ing?
a.
“Mau mbengi sinaua tenanan mesthi bijiku bisa luwih apik saka iki”
b.
“Lungaa saka kene mengko mundhak kebledugan!”
c.
“Bukune tulisana kanthi cetha!”
d.
“Pintera nek sliramu kumalungkung mesthi tundhone ora becik”.
17. Ing ngisor iki sing ora
kalebu syarat dumadine iklan yaiku....
a. Milih tembung kang narik
kawigaten
b. Nggunakake ukara kang
cekak aos
c. Isine nyata lan ora
ngapusi
d. Gambar gedhe lan maneka
warna
18. Tuladha Iklan sing jujur
ora ngapusi yaiku ....
a.
“Toko buku Sumber Ilmu pancen murah lan maremake”
b.
“Ayo Ngombe jamu ramuan iki, mesthi
dadi kebal sakabehing lelara salawase urip”
c.
“ Woh Kembang Wijaya aji, bisa nguripake samubarang kang wis mati”
d.
“ Tablet ajaib, ndadekake tanduran uwoh terus tanpo mandheg
salawase!”
Pacelathon iki kanggo nomer 19 - 20
Guneman
Karo Rama – Ibu
...
Ilham : Pak,
menawi bibar mantuk sekolah kula ajeng les Basa Inggris
Pak Amir : Ora mulih dhisik?
Ilham : Menawi
mantuk rumiyin mangke kejawi kesel inggih kesesa, jalaran naming wonten wekdal
setengah jam sasampunipun sekolah
Pak Amir : Lha
sangumu isih apa ora, olehe maringi ibu wingi?
Ilham : Estunipun
taksih, nanging kala wingi kula angge tumbas garisan. Kajawi menika lesipun nggih wancinipun mbayar.
Bu Amir : Paringana
maneh Pak..., kanggo sangu lan mbayar les.
Pak Amir : Pira mbayare les?
Ilham : Selangkung
ewu Pak?
....
19. Anggone matur marang
bapak lan ibune mau Ilham nggunakake basa apa?
a.
Ngoko lugu
b.
Ngoko Alus
c.
Krama lugu
d.
Krama alus.
20. Tembung Selangkung
ewu tegese padha karo ....
a.
Ndherek langkung
b.
Kumalungkung
c.
Selawe ewu
d.
Satus ewu
21. “Mangga Pak kula aturi ... menika teh angetipun
sampun kula samaptakaken wonten meja.”
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg
kasebut yaiku ...?
a.
Dhahar
b.
Ngunjuk
c.
Tindak
d.
Sare
22. “Menawi dhangan ing
penggalih saha mboten kesesa kondur, samenika panjenengan sedaya kula aturi ...
ing gubug kula, mumpung kaleresan miyos dhusun kula.”
Supaya
bisa jumbuh karo ukarane mula Ceceg-ceceg kasebut paling trep manawa
diisi tembung apa ...?
a.
Pinarak
b.
Sare
c.
Siram
d.
Ngintun
23. “Pak apa sapine wis
kopakani?
Ukara kasebut menawa didadekake basa krama alus
owah dadi kepriye?
a.
Pak, menapa lembunipun sampun panjenengan paringi tedhan?
b.
Pak, apa sapinipun sampun panjengan aturi dhahar?
c.
Pak, napa lembunipun sampun panjenengan caosi dhedhaharan?
d.
Pak, menapa
lembunipun sampun panjenengan paringi dhahar-dhaharan?
24. “Dewi Shinta, nangisa
sing banter supaya garwamu Rama Wijaya krungu! “ Mengkono tembunge Dasamuka
marang Dewi Sinta.”
Panambang “a” ing tembung nangisa
nduwe teges apa?
a.
Digawe supaya nangis
b.
Ethok-ethok nangis
c.
Akon supaya nangis
d.
Kahanan nalika arep nangis
25. Sing ora kalebu
tuladhane ukara pakon yaiku?
a.
Saben sore sliramu adusa ing sendhang kene, mesthi seger!
b.
Sinaua kanthi sregep supaya dadi bocah sing pinter
c.
Nek kowe wis ngantuk ya turua!
d.
Mangkata esuk ya ora kacek mesthi
ya tetep telat, lha wong lakumu kaya bekicot ngono.
26. Hardono pamit mangkat
sekolah marang Bapak lan Ibuke. Ukarane kang paling trep yaiku?
a.
Bapak lan Ibu, kula mlampah riyin nggih, ngatos-atos
lho?
b.
Bapak saha Ibu kula mlampah sekolah rumiyin, nyuwun pangestunipun amrih
saged slamet, lancar sedayanipun.
c.
Pak-Bu kula tindak sekolah rumiyin, nyuwun donga pangestu murih saged
kasil.
d.
Kula tindak rumiyin Pak ... Bu, sangune ampun kesupen lho !
27. Ing ngisor iki sing
kalebu tuladhane tembung camboran wutuh yaiku....
a.
Sida Mukti
b.
Dhegus
c.
Sanak sedulur
d.
Nggodhog wedang
28. “Mesakake temen bocah
pepriman kuwi awake mung kari lunglit gek ana ngendi Bapak lan Ibune ya?”
Tembung lunglit
manawa dirimbag manut asale tembung dadi kepriye?
a.
Balung karo kulit
b.
Walulang lan kulit
c.
Gulung koming
d.
Lelungan kena lelara lan sumengit.
29. Tutur kang trep nalika
atur-atur undhangan supitan kanthi lesan marang Pak Lurah iku kepriye?
a. Pak Lurah, sowan kula
ngriki wau dipunutus Pak Wignyo, bilih
Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung jam
08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng. Mekaten anggen kula
matur, menawi wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
b. Pak Lurah, aku diutus
Pak Wignyo, Panjenengan diaturi rawuh ing daleme mengko bengi kurang luwih jam 08.00. Saperlu slametan
supitan putranipun sing mbarep. Semene nggonku matur, menawa ana lupute aku
nyuwun pangapunten.
c. Pak Lurah, kula dipunutus Pak Wignyo,
Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung jam
08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng.
d. Pak Lurah, mangke dalu
kirang langkung jam 08.00. Pak Wignya ngawontenaken wilujengan supitan
putranipun ingkang mbajeng. Menawi saged panjenengan katuran rawuh sarimbit garwa, menawi mboten
saged ngih mpun. Mekaten anggen kula matur, wonten lepatipun kula nyuwun
pangapunten.
30. “Layang ulem iki ... Pak
dhe Modin ya le ?”.
a.
Wenehna
b.
Jalukna
c.
Paring na
d. Aturna
Wacan iki kanggo nomer 31 – 33
Tlaga Sarangan
Tlaga Sarangan nyimpen sakehing kaendahan nanging
sok kinemulan pedhut dening Gunung Lawu. Ujaring kandha
ana saperangan banyune sing bisa nyebabake awit enom. Yaiku mapan ana ing
Grojogan kang tinemu ing sacedhake tlaga.
Ing dina-dina tartamtu ana misteri kang njedhul ing tlaga iki. Tlaga
sing ambane 30 hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendahan alam
sing bnaget ngelam-elami ati.
Mapan ing sawetane pereng Gunung Lawu, kapener ing Desa Sarangan,
Kecamatan Plaosan Kabupaten Magetan.
Papan sakiwa tengene tlaga tansah dijaga kaendahane uga katentremane,
mula ora mokal yan tansah kebanjiran pengunjung.
Cacahing pengunjung saya mbludag ing rikala
ditindakake upacara labuh sesaji. Upacara mau ditindakake setaun sepisan, yaiku
ing saben dina Jemuwah Pon wulan Ruwah. Ing upacara mau ana karnaval kanggo
ngombyongi iring-iringan tumpeng lan
maneka jinis panganan liyane.
....
31. Tlaga Sarangan iku mapan ing wewengkon
kabupaten ngendi?
a.
Karang Anyar
b.
Plaosan
c.
Sarangan
d. Magetan
32. Ing sakiwa tengene tlatah Tlaga sarangan diyakini
ana papan kang bisa dadi obat supaya
awet enom, perangan endi kang bisa kanggo obat awet enom
iku?
a.
Grojogan
b.
Dasaring Tlaga
c.
Pasir Tlaga
d.
Tetuwuhan kang ana ing sakiwatengene Tlaga
33. “Tlaga sing ambane 30
hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendahan alam sing bnaget
ngelam-elami ati”
Tembung kaloka ing ukara kasebut nduweni
teges apa?
a.
Manggon, cumondhok
b.
Memper , kaya
c.
Kondhang, Kawentar
d.
Amba, bawera
34. Ater –ater “sa” sing gandheng karo tembung
sajroning ukara ing ngisor iki duwe
teges “manawa” mapan ing ....
a.
“Aku ngerti kowe lagi akeh pakaryan mula, kolah iki kurasen sanyaitmu
wae!”.
b. “Aku liwat bulak amba
banget saawan suwene nganti kemringet awakku”.
c. “ Jaluken wae dhuwit
sangune kuwi mundhak malah illang!”.
d. “Bagong sadesa karo
Gareng mula, nek mangkat kerja mesthi boncengan”.
35. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater “sa”
nduwe tegese “Kabeh” yaiku ....
a. “Sasasi aku dijatah
sangu saka bapak Rp. 150.000.00”.
b. “Sasuwene iki aku wis
nindakake pakaryan ngojek karo kanca-kancaku”.
c. “Durmagati iku sakelas
karo Citraksi”.
d. “Mengko bengi tak ampiri
nonton wayang, mas lan saadi-adimu jaken kabeh ya?”
36. Ater-ater “sa” ing
ngisor iki tegese siji kajaba ....
a. “Turua samaremmu mas!”
b. “Aku saomah karo Umi”
c. “Sawengi wae aku ora
bisa turu”
d. “Sataun iki aku ora bisa
panen!”
Wacan iki kanggo nomer 37 - 41
?2nD|tLpi[noD .
?p[cobnLnM|sibh ky ky [ao r anrmPu=[z,
wiwitSksunmi, [ko[b=ozn\,linD|znTi
bvJi/2nD|t\,
?k[bhmaup]tnDjm[nNwisHki/apam/gkur=pztiati[nmnu=s,k[bhkudu[ali=mr=&usTi.
37. Banjir ing Lapindho iku dudu banjir sabaene, sebab
banjir mau wujude dudu banyu nanging wujud ....
a.
Gas
b.
Lendhut
c. Banyu asin
d. Lahar panas
38. Tembung linD| tegese padha karo apa?
a.
bvJi/
b.
laut\
c.
gemP
d.
tumB|
39.
?bvJi/2nD|tHi=
...
g[wse=sr[nrkYt\, ?
a.
*jnegr
b.
@r=Av/
c.
lpi[nDo
d.
$urby
40. “Banjir bandhang lan lindhu”
manawa katulis nganggo aksara Jawa dadi kepriye ?
a.
? bvJi/ bnD=lnLinD|.
b.
? bvJi/ bnD=lnLinfu.
c.
? bnJi/ bnD=lnLinF|.
d.
? bnJi/ bnD=lnLinD|=.
41. ?k[bhmaup]tnDjmn\, latine kepriye?
a.
Kabeh
mau pratandha akhiring jaman
b.
Kabeh
mau pratandha jaman
c.
Kabeh
pratandha jaman akhir
d.
Kabeh
mau dadi pratandha jaman
Tembang Asmaradana kanggo nomer 42 -43
Tembang Asmaradana
Poma poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Siyang dalu dipunemut
Yen urip manggih karma
42. Guru wilangan lan guru
lagune tembang asmaradana gatra kaping loro yaiku ....
a. 8.a
b. 8.i
c. 8.e
d. 7.a
...
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
....
43. Tembung pepaes
tegese padha karo ....
a. Kempes
b. Hiasan
c. Kahanan
d. Kapusan
44. Geguritan kang becik iku
saora-orane ngandhut unsur apa wae?
a. Estetis, Koheren, pendidikan, sosial
b. Estetika, sosial,
ekonomi, pendidikan
c. Estetik, koheren,
korelasi
d. Estetik, pendidikan lan
koheren
...
Lampu-lampu mati
Lakune rerambatan sikile ringkih
Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok – thothok lirih
Pak, Bapak ngakna, pak
Yung Biyung ngakna, Yung
Ing njaba adheme ora jamak
....
45. Ing ngisor iki kang
nelakake nilai estetik geguritan di deleng saka diksi lan purwakanthine
dumunung ing ....
a.
Lampu-lampu
mati
b.
Nlusuri
lawang-lawang kekancingan
Thothok – thothok lirih
c.
Pak, Bapak
ngakna, pak
Yung, Biyung ngakna, Yung
Ing njaba adheme ora jamak
d. Thothok – thothok lirih
Kanggo nggarap nomer 46 – 47
Wisata
Menyang Dufan Ancol
...
Wisata mau mligi kanggo kelas wolu. Dene cacahe
bocah kang melu watara 220, bocah lanang cacahe ana 105, dene bocah wadon ana
115, ditambah guru pendamping cacahe ana 14, kaperang dadi 4 bis kang isine
saben bis 60.
Sawise bocah-bocah kelas wolu padha ngumpul banjur
padha donga bebarengan, Sawise donga, rombongan banjur munggah bis. Ora watara
suwe bise mangkat, ing jroning bis hawane adhem lan seger amarga bis sing
daktumpaki bis AC. Kanca-kanca atine seneng, apa maneh top leader utawa TL bis nyetel CD lagu-lagu pop. Swasanane dadi
gayeng banget, bocah-bocah padha melu nembang.
Panjenengan rombongan menyang Jakart wis tekan
Pekalongan. Jumbuh rencana sekawit, tekan Pekalongan bocah-bocah Ziarah ing
makame syeih Habib.
....
46. Dadine kabeh Pira
gungunge sing padha melu wisata menyang Dufan mau?
a. 105
b. 115
c. 234
d. 294
...
Panjenengan rombongan menyang Jakarta
wis tekan Pekalongan. Jumbuh
rencana sekawit, tekan Pekalongan bocah-bocah Ziarah ing makame syeih Habib.
....
47. Tembung Jumbuh ing
ndhuwur iku tegese padha karo apa?
a. Embuh
b. Cocog
c. Rikala
d. Rencana
48.
“Study wisata – para – gawe - siswa
–laporan – nganggo – Basa Jawa “.
Tembung –tembung ing ndhuwur menawa digandheng
kanthi bener dadi kepriye?
a.
Study wisata basa Jawa nganggo laporan gawe siswa
b.
Nganggo Basa Jawa para siswa study wisata laporan
c. Para siswa gawe laporan
study wisata nganggo Basa Jawa
d. Para siswa gawe laporan
study wisata nggunakake Basa Jawa
49. Sing ora kalebu
tuladhane dwipurwa yaiku ....
a. Tetanen
b.
Tutupan
c. sesambat
d. sesulih
50. “Nek lagi
ana piyayi sepuh ngendika, kowe aja malah gojeg lan malah ngguyu ... kuwi
jenenge saru lan ora sopan!”
Tembung dwiwasana kang
trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ...
a. Sesenggukan
b. Cenunukan
c. Yabyaban
d. Cekakakan
II.
Wangsulana Kanthi patitis!
51. “Mau esuk Bapak Guru
mangkate numpak bis “Pasir Mulia” watara jam 7.30”.
Ukara iku owahana dadi Basa Jawa krama alus!
52. Unen-unen saloka ing
ngisor iki apa tegese?
a. Timun wungkuk jaga imbuh
b. Ngubak-ubak banyu bening
53. Gawea wara-wara nganggo
basa Jawa kang luwes kanthi tema “Pagelaran Wayang kulit”
54. Tulisen nganggo aksara Jawa!
“ Tindak Ibadah Haji menyang Mekah lan Madinah”
55. Gawea geguritan kanthi
ngetrapke unsur-unsur kang ndadekake geguritan iku endah lan apik paling sithik
telung pada!
=YK=
Langganan:
Komentar (Atom)