Senin, 14 Maret 2016





PEMERINTAH KABUPATEN BOYOLALI
DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA
ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL
SMP KABUPATEN BOYOLALI
TAHUN 2012 / 2013


 
Mata pelajaran              : Bahasa Jawa                                    Hari, tanggal      :
Kelas                                  : VIII                                                       Waktu                  :


 
Petunjuk Umum:
1.       Tulislah lebih dahulu nama, kelas dan nomer tes anda pada lembar jawab yang tersedia
2.       Periksa dan bacalah soal-soal sebelum menjawab.
3.       Laporkan kepada pengawas kalau terdapat tulisan soal yang kurang jelas.
4.       Dahulukan menjawab soal-soal yang Anda anggap mudah.
5.       Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia.
6.       Tidak diperkenankan membawa alat bantu dalam bentuk apapun, kalkulator, HP, tabel matematika!
7.       Periksa pekerjaan Anda lebih dahulu sebelum Anda serahkan kepada pengawas!
PETUNJUK  KHUSUS :
I.      Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan sing bener!

wacan  iki kanggo nggarap Soal nomer 1-4
Asal-usule Kutha Salatiga lan Boyolali
Handika para wali misuwur, yaiku Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Drajad, Sunan Kudus,  Sunan Muria, Sunan GunungJati lan Sunan Kalijaga, padha ribet penggalihe nyumurupi polahe Syeh Siti Jenar sing wis kumawani nylewengake piwulang agama. Apa kang dilakoni dening Syeh Siti Jenar kuwi bisa mbingungake masyarakat. Mula Syeh siti Jenar banjur dirangket lan dipidana. Paraga kang kang bakal ngganti kalungguhane Syeh Siti Jenar manut pamawase Sunan Kalijaga yaiku Adipati ing Semarang kang isih kalebu tedhak turune pangeran Harya Adipati Sabranglor.
Kanggo nyaketi Adipati Semarang kasebut kangjeng Sunan Kalijaga memba-memba dadi tukang adol suket. Kanthi mangkono saben esuk bisa ketemu karo sang adipati. Ananging dhuwit bayaran suket mau ora tau ditampa lan malah dibalekake kanthi didlesepake ing bongkokan suket mau.
….
1.         Kanggo nyaketi Adipati  Semarang, Sunan Kalijaga memba-memba dadi apa?
a.       Sunan Gunungjati
b.      Sunan Pandanaran
c.       Tukang adol suket
d.      Tukang makani jaran
2.         Kang njalari  Syeh Siti Jenar dirangket lan dipidana dening Wali Sanga yaiku ....
a.       Ngraman ing wewngkon Demak Bintara
b.      Gawe Pasekuthon karo Walanda
c.       Nylewengake piwulang Agama Islam
d.      Ora tau gelem atur upeti marang Demak Bintara.
3.    Tembung  memba-memba  ing wacan  ndhuwur mau tegese padha karo apa?
a.       Nylamur-nylamur
b.      Malik
c.       Mulih
d.      Nyilih- nyilih
4.    Manut wacan ing ndhuwur mau kepriye mungguh watake Sunan Kalijaga kuwi?
a.         Sabar, Wicaksana, sugih akal
b.        Dahwen, drengki,  srei
c.         Kumalungkung, adigang, adigun,  adiguna
d.        Seneng guyon, kikir
5.    ukara kang ngandhut unen-unen paribasan  dumunung ing  ....
a.       Durmagati  kuwi kondhang yen lunyu ilate, mula diseriki kanca-kancane.
b.      Ayo kanca,  abot – enthenging  pacoban iki dilakoni bareng-bareng.
c.       Surtikanti kae pancen criwis cawis, akeh omonge nanging gaweane ya rampung temenan.
d.      Aja nganti kowe duwe lelakon kaya nututi layangan pedhot!
6.         Ing ngisor iki  sing dudu tuladhane Bebasan yaiku ....
a.       Mbesuk yen sliramu dadi pemimpin ki aja  adigang-adigung-adiguna!
b.      Ora ganja ora unus, wis ora ana sing bisa diarep-arep maneh saka pokal mu kuwi dur!
c.       Sing ngati-ati tumindakmu aja nganti ngubak-ubak banyu bening ing papan kene.
d.      Piyayi  kang becik  iku adate nemu unen-unen  adol lengo kari busik.
7.    Sing kalebu  tuladhane Saloka yaiku ....
a.    Kemladheyan ngajak sempal
b.    Kemladheyan rungkat
c.     Kerot tanpo untu
d.    Ana catur mungkur
8.    Wah, tumindakmu kuwi padha karo unen-unen kemladheyan nyajak sempal.
Apa tegese unen-unen iku mau?
a.    Gawe geger ing papan kang ayem tentrem
b.    Dadi sedulur kang ngajak marang karusakan
c.      Kemladheyan kang thukul ing wit kang dudu duweke
d.    Sakabehing tumindak mesthi ana piwalese.
Wacan iki kanggo nggarap nomer 9 - 13
“Prabu Dewata Cengkar”
Kraton Medhang Kamulan diparentah dening raja raseksa kang ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Kang nduweni  pakareman mangsa daginging manungsa, utamane kang isih prawan kencur. Mula awatak “adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun, ya bandhaku ya bandha-bandhaku dhewe, kalamun bandhamu ya karo bandhaku”. Mangkono watak padinan kang kasandhang.
...Kacarita ing dhusun Dhadhapan, kang uga isih kalebu wewengkon kraton Medhang Kamulan ana Warandha duwe anak wadon siji arane Rara Wulan. Jalaran saka endahing warna lan rigen ing sabarang kardi, watake sregep, rigen, mugen, nadyan bocah ndesa nanging gandhes luwes sasolahe, mula ing dhadhapan dadi kembanging desa....

9.         Prabu Dhewata Cengkar iku Ratu ing ngendi?
a.    Dhadhapan
b.    Medhang Kamulan
c.     Pasundhan
d.    Jawa Dwipa
10.     “...dhusun Dhadhapan, kang uga isih kalebu wewengkon kraton Medhang Kamulan ana Warandha duwe anak wadon siji arane Rara Wulan.”
Tembung Wewengkon ngemu teges padha karo apa?
a.       weweko
b.      tlatah
c.       panggon
d.      pangkon
11.     “Prabu Dewata Cengkar Kang nduweni  pakareman mangsa daginging manungsa, utamane kang isih prawan kencur”.
Tembung Pakareman tegese padha karo apa?
a.    Kekarepan
b.    Kesaenan
c.     Kesenengan
d.    Pekarangan
12.     Sing ora kalebu  watake Prabu Dewata Cengkar yaiku?
a.       Brangasan
b.      Kumalungkung
c.       Sabar drana
d.      Wengis.
13.     Manut wacan ing ndhuwur watake Rara Wulan yaiku...
a.       Kumalungkung
b.      Seneng ngetok-ngetokake kabisan marang liyan
c.       Kuma wani marang wong lanang
d.      Sregep nyambut gawe, tanggung jawab trampil samubarang
14.     Sing dudu tuladhne ukara sambawa yaiku....?
a.       “Mangkata esuk mau mesthi ora telat tekamu!”
b.      “Mangkata saiki dul, wis jam pitu!”
c.       “Udana ya mesthi tanduranku ora bakal mati garing!”
d.      “Didandanana ngani entek dhuwit pirang-pirang yuta mesthi rabakal dadi wong wujude wis sumyur ngono kok!”
15.     “Ayua kae nek tumindake ora bener ya mesthi wae ora disenengi kancamu”.
Pananmbang “a” ing tembung  Ayua ngemu teges apa?
a.       Marga
b.      Manawa
c.       Sanajan
d.      Sasuwene
16.     Panambang “a” kang ngemu teges “umpama”  mapan ing?
a.       “Mau mbengi sinaua tenanan mesthi bijiku bisa luwih apik saka iki”
b.      “Lungaa saka kene mengko mundhak kebledugan!”
c.       “Bukune tulisana kanthi cetha!”
d.      “Pintera nek sliramu kumalungkung mesthi tundhone ora becik”.
17.     Ing ngisor iki sing ora kalebu syarat dumadine iklan yaiku....
a.       Milih tembung kang narik kawigaten
b.      Nggunakake ukara kang cekak aos
c.       Isine nyata lan ora ngapusi
d.      Gambar gedhe lan maneka warna
18.     Tuladha Iklan sing jujur ora ngapusi yaiku ....
a.        “Toko buku Sumber  Ilmu pancen murah lan maremake”
b.      “Ayo Ngombe jamu ramuan iki, mesthi  dadi kebal sakabehing lelara salawase urip”
c.     “ Woh Kembang Wijaya aji,  bisa nguripake samubarang kang wis mati”
d.    “ Tablet ajaib, ndadekake tanduran uwoh terus tanpo mandheg salawase!”
Pacelathon iki kanggo nomer 19 - 20
Guneman Karo Rama – Ibu
...
Ilham           :     Pak, menawi bibar mantuk sekolah kula ajeng les Basa Inggris
Pak Amir    :     Ora mulih dhisik?
Ilham           :     Menawi mantuk rumiyin mangke kejawi kesel inggih kesesa, jalaran naming wonten wekdal setengah jam sasampunipun sekolah
Pak Amir    :     Lha sangumu isih apa ora, olehe maringi ibu wingi?
Ilham           :     Estunipun taksih, nanging kala wingi kula angge tumbas garisan.    Kajawi menika lesipun nggih wancinipun mbayar.
Bu Amir      :     Paringana maneh Pak..., kanggo sangu lan mbayar les.
Pak  Amir   :     Pira mbayare les?
Ilham           :     Selangkung ewu Pak?
....
19.     Anggone matur marang bapak lan ibune mau Ilham nggunakake basa apa?
a.       Ngoko lugu
b.      Ngoko Alus
c.       Krama lugu
d.      Krama alus.
20.     Tembung Selangkung ewu tegese padha karo ....
a.       Ndherek langkung
b.      Kumalungkung
c.       Selawe ewu
d.      Satus ewu
21.     “Mangga  Pak kula aturi ... menika teh angetipun sampun kula samaptakaken wonten meja.”
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ...?
a.       Dhahar
b.      Ngunjuk
c.       Tindak
d.       Sare
22.     “Menawi dhangan ing penggalih saha mboten kesesa kondur, samenika panjenengan sedaya kula aturi ... ing gubug kula, mumpung kaleresan miyos dhusun kula.”
Supaya  bisa jumbuh karo ukarane mula Ceceg-ceceg kasebut paling trep manawa diisi tembung apa ...?
a.       Pinarak
b.      Sare
c.       Siram
d.       Ngintun
23.     “Pak apa sapine wis kopakani?
Ukara kasebut menawa didadekake basa krama alus owah dadi kepriye?
a.       Pak, menapa lembunipun sampun panjenengan paringi tedhan?
b.      Pak, apa sapinipun sampun panjengan aturi dhahar?
c.       Pak, napa lembunipun sampun panjenengan caosi dhedhaharan?
d.       Pak, menapa lembunipun sampun panjenengan paringi dhahar-dhaharan?
24.     “Dewi Shinta, nangisa sing banter supaya garwamu Rama Wijaya krungu! “ Mengkono tembunge Dasamuka marang Dewi Sinta.”
Panambang “a” ing tembung nangisa nduwe teges apa?
a.       Digawe supaya nangis
b.      Ethok-ethok nangis
c.       Akon supaya nangis
d.       Kahanan nalika arep nangis
25.     Sing ora kalebu tuladhane ukara pakon yaiku?
a.       Saben sore sliramu adusa ing sendhang kene, mesthi seger!
b.      Sinaua kanthi sregep supaya dadi bocah sing pinter
c.       Nek kowe wis ngantuk ya turua!
d.      Mangkata  esuk ya ora kacek mesthi ya tetep telat, lha wong lakumu kaya bekicot ngono.
26.     Hardono pamit mangkat sekolah marang Bapak lan Ibuke. Ukarane kang paling trep yaiku?
a.       Bapak lan Ibu, kula mlampah riyin nggih, ngatos-atos lho?
b.      Bapak saha Ibu kula mlampah sekolah rumiyin, nyuwun pangestunipun amrih saged slamet, lancar sedayanipun.
c.       Pak-Bu kula tindak sekolah rumiyin, nyuwun donga pangestu murih saged kasil.
d.       Kula tindak rumiyin Pak ... Bu,  sangune ampun kesupen lho !
27.     Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung camboran wutuh yaiku....
a.       Sida Mukti
b.      Dhegus
c.       Sanak sedulur
d.       Nggodhog wedang
28.     “Mesakake temen bocah pepriman kuwi awake mung kari lunglit gek ana ngendi Bapak lan Ibune ya?”
Tembung lunglit manawa dirimbag manut asale tembung dadi kepriye?
a.       Balung karo kulit
b.      Walulang  lan kulit
c.       Gulung koming
d.      Lelungan kena lelara lan sumengit.
29.     Tutur kang trep nalika atur-atur undhangan supitan kanthi lesan marang Pak Lurah iku kepriye?
a.    Pak Lurah, sowan kula ngriki wau  dipunutus Pak Wignyo, bilih Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng. Mekaten anggen kula matur, menawi wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
b.    Pak Lurah, aku diutus Pak Wignyo, Panjenengan diaturi rawuh ing daleme mengko bengi  kurang luwih jam 08.00. Saperlu slametan supitan putranipun sing mbarep. Semene nggonku matur, menawa ana lupute aku nyuwun pangapunten.
c.      Pak Lurah, kula dipunutus Pak Wignyo, Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng.
d.    Pak Lurah, mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Pak Wignya ngawontenaken wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng. Menawi saged panjenengan  katuran rawuh sarimbit garwa, menawi mboten saged ngih mpun. Mekaten anggen kula matur, wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
30.     “Layang ulem iki ... Pak dhe Modin ya le ?”.
a.       Wenehna
b.      Jalukna
c.       Paring na
d.      Aturna
Wacan iki kanggo nomer 31 – 33
Tlaga Sarangan
Tlaga Sarangan nyimpen sakehing kaendahan nanging sok kinemulan pedhut dening Gunung Lawu.  Ujaring                                       kandha ana saperangan banyune sing bisa nyebabake awit enom. Yaiku mapan ana ing Grojogan kang tinemu ing sacedhake tlaga.  Ing dina-dina tartamtu ana misteri kang njedhul ing tlaga iki. Tlaga sing ambane 30 hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendahan alam sing bnaget ngelam-elami ati.
Mapan ing sawetane pereng  Gunung Lawu, kapener ing Desa Sarangan, Kecamatan Plaosan Kabupaten Magetan.  Papan sakiwa tengene tlaga tansah dijaga kaendahane uga katentremane, mula ora mokal yan tansah kebanjiran pengunjung.
Cacahing pengunjung saya mbludag ing rikala ditindakake upacara labuh sesaji. Upacara mau ditindakake setaun sepisan, yaiku ing saben dina Jemuwah Pon wulan Ruwah. Ing upacara mau ana karnaval kanggo ngombyongi iring-iringan tumpeng  lan maneka  jinis panganan liyane.
....
31.      Tlaga Sarangan iku mapan ing wewengkon kabupaten ngendi?
a.       Karang Anyar
b.      Plaosan
c.       Sarangan
d.      Magetan
32.     Ing  sakiwa tengene tlatah Tlaga sarangan diyakini ana papan kang  bisa dadi obat supaya awet enom, perangan endi kang bisa kanggo obat awet  enom  iku?
a.       Grojogan
b.      Dasaring Tlaga
c.       Pasir Tlaga
d.      Tetuwuhan kang ana ing sakiwatengene Tlaga
33.     “Tlaga sing ambane 30 hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendahan alam sing bnaget ngelam-elami ati”
Tembung kaloka ing ukara kasebut nduweni teges apa?
a.       Manggon, cumondhok
b.      Memper , kaya
c.       Kondhang, Kawentar
d.      Amba, bawera
34.  Ater –ater “sa” sing gandheng karo tembung sajroning ukara ing ngisor iki  duwe teges “manawa” mapan ing ....
a.       “Aku ngerti kowe lagi akeh pakaryan mula, kolah iki kurasen sanyaitmu wae!”.
b.      “Aku liwat bulak amba banget saawan suwene nganti kemringet awakku”.
c.       “ Jaluken wae dhuwit sangune kuwi  mundhak malah illang!”.
d.      “Bagong sadesa karo Gareng mula, nek mangkat kerja mesthi boncengan”.
35.     Ukara  ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater “sa” nduwe tegese “Kabeh” yaiku ....
a.       “Sasasi aku dijatah sangu saka bapak Rp. 150.000.00”.
b.      “Sasuwene iki aku wis nindakake pakaryan ngojek karo kanca-kancaku”.
c.       “Durmagati iku sakelas karo Citraksi”.
d.      “Mengko bengi tak ampiri nonton wayang, mas lan saadi-adimu jaken kabeh ya?”
36.     Ater-ater “sa” ing ngisor iki tegese siji kajaba ....
a.       “Turua samaremmu mas!”
b.      “Aku saomah karo Umi”
c.       “Sawengi wae aku ora bisa turu”
d.      “Sataun iki aku ora bisa panen!”

Wacan iki kanggo nomer 37 - 41

?2nD|tLpi[noD .
?p[cobnLnM|sibh ky ky [ao r anrmPu=[z, wiwitSksunmi, [ko[b=ozn\,linD|znTi bvJi/2nD|t\,
?k[bhmaup]tnDjm[nNwisHki/apam/gkur=pztiati[nmnu=s,k[bhkudu[ali=mr=&usTi.
37.     Banjir  ing Lapindho iku dudu banjir sabaene, sebab banjir mau wujude dudu banyu nanging wujud ....
a.       Gas
b.      Lendhut
c.       Banyu asin
d.      Lahar panas
38.     Tembung     linD|      tegese padha karo apa?
a.                    bvJi/
b.                    laut\
c.                    gemP
d.                    tumB|
39.       ?bvJi/2nD|tHi=   ...   g[wse=sr[nrkYt\,  ?
a.                    *jnegr
b.                    @r=Av/
c.                    lpi[nDo
d.                    $urby
40.     “Banjir bandhang lan lindhu” manawa katulis nganggo aksara Jawa dadi kepriye ?
a.                    ? bvJi/ bnD=lnLinD|.
b.                    ? bvJi/ bnD=lnLinfu.
c.                    ? bnJi/ bnD=lnLinF|.
d.                    ? bnJi/ bnD=lnLinD|=.

41.     ?k[bhmaup]tnDjmn\,      latine kepriye?

a.                   Kabeh mau pratandha akhiring jaman
b.                  Kabeh mau pratandha jaman
c.                   Kabeh pratandha jaman akhir
d.                  Kabeh mau dadi pratandha jaman
Tembang Asmaradana kanggo nomer 42 -43
Tembang Asmaradana
Poma poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Siyang dalu dipunemut
Yen urip manggih karma

42.     Guru wilangan lan guru lagune tembang asmaradana gatra kaping loro yaiku ....
a.       8.a
b.      8.i
c.       8.e
d.      7.a
...
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
 ....
43.     Tembung pepaes tegese padha karo ....
a.       Kempes
b.      Hiasan
c.       Kahanan
d.      Kapusan
44.     Geguritan kang becik iku saora-orane ngandhut unsur apa wae?
a.        Estetis, Koheren, pendidikan, sosial
b.      Estetika, sosial, ekonomi, pendidikan
c.       Estetik, koheren, korelasi
d.      Estetik, pendidikan lan koheren
...
Lampu-lampu mati
Lakune rerambatan sikile ringkih
Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok – thothok lirih
Pak, Bapak ngakna, pak
Yung Biyung ngakna, Yung
Ing njaba adheme ora jamak
....
45.     Ing ngisor iki kang nelakake nilai estetik geguritan di deleng saka diksi lan purwakanthine dumunung ing  ....
a.       Lampu-lampu mati
b.      Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok – thothok lirih
c.       Pak, Bapak ngakna, pak
Yung, Biyung ngakna, Yung
Ing njaba adheme ora jamak
d.      Thothok – thothok lirih
Kanggo nggarap nomer 46 – 47
Wisata Menyang Dufan Ancol
...
Wisata mau mligi kanggo kelas wolu. Dene cacahe bocah kang melu watara 220, bocah lanang cacahe ana 105, dene bocah wadon ana 115, ditambah guru pendamping cacahe ana 14, kaperang dadi 4 bis kang isine saben bis 60.
Sawise bocah-bocah kelas wolu padha ngumpul banjur padha donga bebarengan, Sawise donga, rombongan banjur munggah bis. Ora watara suwe bise mangkat, ing jroning bis hawane adhem lan seger amarga bis sing daktumpaki bis AC. Kanca-kanca atine seneng, apa maneh top leader utawa TL bis nyetel CD lagu-lagu pop. Swasanane dadi gayeng banget, bocah-bocah padha melu nembang.
Panjenengan rombongan menyang Jakart wis tekan Pekalongan. Jumbuh rencana sekawit, tekan Pekalongan bocah-bocah Ziarah ing makame syeih Habib.
....
46.     Dadine kabeh Pira gungunge sing padha melu wisata menyang Dufan mau?
a.       105
b.      115
c.       234
d.      294
...
Panjenengan rombongan menyang Jakarta  wis tekan Pekalongan. Jumbuh rencana sekawit, tekan Pekalongan bocah-bocah Ziarah ing makame syeih Habib.
....

47.     Tembung Jumbuh ing ndhuwur iku tegese padha karo apa?
a.       Embuh
b.      Cocog
c.       Rikala
d.      Rencana
48.     “Study wisata – para – gawe  -  siswa –laporan – nganggo – Basa Jawa “.
Tembung –tembung ing ndhuwur menawa digandheng kanthi bener dadi kepriye?
a.       Study wisata basa Jawa nganggo laporan gawe siswa

b.      Nganggo Basa Jawa para siswa study wisata laporan
c.       Para siswa gawe laporan study wisata nganggo Basa Jawa
d.      Para siswa gawe laporan study wisata nggunakake Basa Jawa


49.     Sing ora kalebu tuladhane dwipurwa yaiku ....
a.       Tetanen
b.      Tutupan
c.       sesambat
d.      sesulih
50.      “Nek lagi ana piyayi sepuh ngendika, kowe aja malah gojeg lan malah ngguyu ... kuwi jenenge saru lan ora sopan!”
Tembung dwiwasana kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ...
a.       Sesenggukan
b.      Cenunukan
c.       Yabyaban
d.      Cekakakan


II.        Wangsulana Kanthi patitis!
51.     “Mau esuk Bapak Guru mangkate numpak bis “Pasir Mulia” watara jam 7.30”.
Ukara iku owahana dadi Basa Jawa krama alus!

52.     Unen-unen saloka ing ngisor iki apa tegese?
a.       Timun wungkuk jaga imbuh
b.      Ngubak-ubak banyu bening
53.     Gawea wara-wara nganggo basa Jawa kang luwes kanthi tema “Pagelaran Wayang kulit”
54.     Tulisen nganggo aksara Jawa!
“ Tindak Ibadah Haji menyang Mekah lan Madinah”
55.     Gawea geguritan kanthi ngetrapke unsur-unsur kang ndadekake geguritan iku endah lan apik paling sithik telung pada!


=YK=